Gereja Kristen Jawa Mijen Semarang

Terkait penyebaran virus Corona atau COVID-19, maka Ibadah yang diadakan dan dilaksanakan melalui ibadah ONLINE digunakan sebagai Ibadah Keluarga.... Majelis Gereja Kristen Jawa Mijen..... Selamat beribadah ..... Tuhan Yesus memberkati.

Renungan Sadhar Tahun 2019


Renungan Harian Sadhar Bahasa Jawa

Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah, awit berkahipun mila buku renungan SADHAR, Mitra Saben Ari Marsudi Ati saged cumawis ing ngajeng panjenengan. Mugi buku renungan Sadhar punika saged dados srana ingkang mbiyantu lan ngrencangi panjenengan kangge ngraosaken panganthi saha sih pitulunganipun Allah ing saben dinten. Kanthi ngraosaken lan mitadosi panganthinipun Gusti Allah, kita saged ngucap syukur dhumateng Gusti Allah, saha yakin saestu bilih sih palimirmanipun Gusti punika tansah luber ing gesang kita. Kanthi makaten, kita dados pribadi ingkang ugi luber ing sih dhateng sesami.
Atur panuwun katujokaken dhateng Tim Sadhar lan para penulis ingkang sampun makarya. Buku renungan Sadhar punika temtu taksih kathah kekiranganipun, mila sedaya panyaruwe saking panjenengan sedaya mugi mahanani sangsaya sampurnaning wedharan ingkang badhe dhateng.
Wusananipun, sugeng maos!